Menyang kontèn

Redfoo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Redfoo (2014)

Stefan Kendal Gordy (lair 3 September 1975), utawa ditepungi kanthi profésional minangka Redfoo, iku penyanyi, rapper, prodhuser musik, DJ, lan juru main tènis Amérika Sarékat.

Biografi

[besut | besut sumber]

Redfoo lair ing tanggal 3 September 1975 saka Berry Gordy, pangadeg label Motown, lan produser sarta panulis Nancy Leiviska. Dhèwèké sekolah SMP bareng karo will.i.am lan GoonRock. Redfoo lulus saka Palisades Charter High School ing Pacific Palisades, Los Angeles, California ing taun 1995. Dhèwèké iku pamané SkyBlu.

Karier musiké akèh diprabawai déning bapakné, Berry Gordy, lan ibuné, Nancy Leiviska, utamané nalika isih enom. Nalika isih cilik, dhèwèké kerep nonton selebriti ing konser-konseré. Ing babagan musik, sing mènèhi prabawa ya iku Michael Jackson lan musisi kaya Diana Ross sarta Smokey Robinson (kanca cedhak bapakné). Senajan kaluwargané dadi pebisnis musik, prioritas utamané biyen ya iku tennis, nanging nalika tangané kesleo, dhèwèké wiwit tenanan ing musik (nalika umuré 16 taun).

Dhèwèké mèlu US Open 2012, Australian Open 2013, lan Kejuaraan Wimbledon 2013 dadi anggota timé Viktoryja Azaranka. Dhèwèké banjur nyoba kualifikasi kanggo US Open 2013 dadi peserta wildcard. Dhèwèké mlebu ing turnamen kualifikasi (bagean California Lor) nanging ing sasi Juni dhèwèké kalah ing pertandhingan kapisané kanthi skor 6-1, 6-2. Redfoo wiwit pacaran karo pemain tenis Viktoryja Azaranka ing taun 2012, nanging banjur pisah ing taun 2014. Dhèwèké nduwé merek klambi Party Rock lan liwat iku dhèwèké nyeponsori Party Rock Open, turnamen ITF kanggo sirkuit wadon.

Karier musik

[besut | besut sumber]

1993-2005: Wiwitan lan Balance Beam

[besut | besut sumber]

Ing taun 1993, Redfoo mrodhuksi lagu "Back in the Day" kanggo rapper Ahmad, sing entuk sertifikasi emas saka RIAA ing taun 1994, dadi sertifikasi kapisané ing umur 19 taun.[1] Dhèwèké dadi ko-produser kanggo pitu lagu liyané ing album debuté Ahmad.

Ing taun 1996, dhèwèké napakasmani kontrak karo Bubanic Records lan kolaborasi karo rapper Dre' Kroom kanggo album kapisané sing diwènèhi judhul Balance Beam, sing dirilis ing 28 Oktober 1997. Album iki isiné 16 lagu kalebu "Life Is a Game of Chess" lan "The Freshest".[2]

Ing taun 1998, dhèwèké kolaborasi ing lagu Duet saka grup The Black Eyed Peas.[3] Ing taun sing padha dhèwèké mrodhuksi album Focused Daily kanggo penyanyi Defari.[4]

2006-2012: LMFAO

[besut | besut sumber]

Redfoo nggawe grup electropop LMFAO karo ponakané SkyBlu ing taun 2006. Kanca cedhaké Redfoo, will.i.am, nepungaké wong loro iku marang pimpinan Interscope, Jimmy Iovine, sing banjur mènèhi lampu ijo supaya mlebu kontrak. LMFAO ngetokaké EP Party Rock ing tanggal 1 Juli 2008 lan album pepaké ing tanggal 7 Juli 2009. Album iki tekan posisi 33 ing tangga lagu Billboard 200.

Redfoo ing taun 2012.

Ing taun 2010, dhèwèké mèlu ing lagu saka David Guetta "Gettin' Over You", sing sukses ing tingkat internasional. Grup iki banjur ngrekam album kapindho "Sorry for Party Rocking" lan ngetokaké single "Party Rock Anthem" bareng Lauren Bennett lan GoonRock. Lagu iki dadi sing paling misuwur ing karieré, tekan posisi nomer siji ing Amérika Sarékat, Kanada, Britania Raya, lan akèh negara liyané. Tanggal 21 September 2012, duo iki mènèhi woro-woro yèn bakal pisah. Redfoo ngomong yèn dhèwèké péngin fokus ing karier solo.

2012-2016: Karier solo

[besut | besut sumber]

Ing Desember 2012, Redfoo ngetokaké single solo kapisané Bring Out the Bottles. Lagu iki digunakaké minangka soundtrack kanggo film "Last Vegas", ing endi Redfoo uga tampil.

Ing taun 2013, dhèwèké mrodhuksi "Let's Get Ridiculous", sing dadi nomer siji ing tangga lagu Australia lan entuk sertifikasi multi-platinum. Ing taun 2013, dhèwèké uga dadi juri ing acara televisi The X Factor versi Australia. Ing taun 2014, dhèwèké ngetokaké lagu "New Thang", sing dadi populer banget ing Korea Kidul lan nyetak atusan yuta tontonan ing YouTube. Ing taun 2015, dhèwèké ngetokaké "Juicy Wiggle", sing muncul ing film Alvin and the Chipmunks: The Road Chip. Ing taun 2016, dhèwèké ngetokaké album solo Party Rock Mansion.

2017-saiki: Mandheg musik

[besut | besut sumber]

Sawise ngetokake album kasebut, Redfoo ngetokake single "Brand New Day" (2017) lan kolaborasi bareng HRVY ing lagu "Holiday". Ing taun 2018, dhèwèké kolaborasi karo VINAI ing lagu "Everything I Need". Ing taun 2023, sawisé limang taun vakum, Redfoo ngetokaké lagu anyar kanthi judhul "Long Live Party Rock".

Diskografi

[besut | besut sumber]
Judhul Rincian
Ahmad (Minangka produser)
  • Taun: 1994
  • Label: Bubonic Records
  • Format: CD
Balance Beam
  • Taun: 1997
  • Label: Bulbonic Records
  • Format: CD
Party Rock (minangka LMFAO)
  • Taun: 2009
  • Label: Interscope
  • Format: CD, undhuh digital
Sorry for Party Rocking (minangka LMFAO)
  • Taun: 2011
  • Label: Interscope
  • Format: CD, undhuh digital
Party Rock Mansion

Penjualan

[besut | besut sumber]

Penjualan minangka artis utama

[besut | besut sumber]
Judhul Penjualan
I'm in Miami Bitch (2008) (LMFAO)
  • GLOBAL: 150.000
Shots (2009) (LMFAO)
  • GLOBAL: 3.990.000
Yes (2010) (LMFAO)
  • GLOBAL: 540.000
Party Rock Anthem (2011) (LMFAO)
  • GLOBAL: 20.720.000
Champagne Showers (2011) (LMFAO)
  • GLOBAL: 400.000
Sexy and I Know It (2011) (LMFAO)
  • GLOBAL: 12.040.000
Sorry for Party Rocking (2011) (LMFAO)
  • GLOBAL: 2.010.000
Bring Out the Bottles (2012) (Solo)
  • GLOBAL: 95.000
Let's Get Ridiculous (2013) (Solo)
  • GLOBAL: 295.000
New Thang (2014) (Solo)
  • GLOBAL: 775.000
Juicy Wiggle (2015) (Solo)
  • GLOBAL: 50.000

Filmografi

[besut | besut sumber]
  • Potheads: The Movie (2006)
  • Last Vegas (2013)
  • Alvin and the Chipmunks: The Road Chip (2015)
  • Tattooed Love (2015)
  • Deported (2020)

Televisi

[besut | besut sumber]
  • David's Vlog – seri TV, episode 3x38 (2016)

Referensi

[besut | besut sumber]
  1. "RIAA Gold & Platinum".
  2. "Balance Beam".
  3. "Duet".
  4. "Focused Daily".